Cerita asal mula kalak yang telah ditulis oleh Raden Gandawardaja yang ditulis dalam bahasa jawa yang diterbitkan oleh Balai Pustaka serta dicetak oleh Batavia-Centrum pada Tahun 1935. Sengaja Diposting dalam bahasa yang asli (jawa) sebagai pengingat akan budaya bahasa yang adiluhung.
BABAD MADJA
ANGGITANIPOEN
R. GANDAWARDAJA
BALE POESTAKA
BATAVIA
– CENTRUM
1935
Wewenangipoen ingkang ngarang kanjoman mitoeroet
Angger ingkang kapatjak staatsblad 1912 No. 600.
B A B A D M A D J A
I.
GOEMELARIPOEN TANAH MADJA ING WEKDAL SAMANGKE
Ingkang dipoen wastani tanah Madja
poenika, ing samangke nama distrik Poenoeng, inggih poenika peranganipoen
kaboepaten Patjitan ingkang tembing kilen.
Tanah
Madja poenika papanipoen paraden sadaja. Tjatjahing redi kenging katemboengaken
tanpa witjalan. Mila inggih pantes ing ngrikoe kawastanan tanah Redi-sewoe.
Redi-redi woe
sadaja goendoel. Tanpa tetoewoehan. Kadjawi namoeng ngroempoet kemawon. Namoeng
redi saoerotipoen pasisir kidoel sarta ingkang tembing ler poenika wonten
wananipoen trataban sawatawis. Pesitenipoen ing ngrika-ngriki sela plester,
pada tjoeri toewin siti greges. Sitinipoen ingkang loh meh boten wonten
babarpisan. Lepenipoen ingkang ragi ageng namoeng satoenggal, kawastanan lepen Kladen.
Lowah-lowahan ing saantawisipoen redi waoe wonten ingkang ragi lebet. Poenika
samangsanipoen rending dados telaga alit. Awit saking poenika manawi ing mangsa
rending ing tanah Madja ing ngrika-ngriki katah telaganipoen alit-alit.
Tetelanipoen tanah
Madja sitinipoen nggares sanget sarta awis toja, poenika djalaran meh boten
wonten lepen oetawi soemberipoen. Dene telaga-telaga waoe manawi mangsa ketiga
ngerak meh sedaja sami asat. Ing saselaning redi ratjak sami wonten
loewengipoen, oeroengan toja.
Doesoenipoen
alit-alit, Sarta bale grijanipoen tetijang ing ngrikoe sanget koetjiwanipoe.
Sadistrik Poenoeng boten wonten satoenggal-toeenggala tijang ingkang grija
gendeng sara pager banon. Sadaja grija atep, gedeg deling, toer alit-alit.
Baloengening grija awis sanget ngangge kadjeng djatos. Ingkang katah kadjeng
mlandingan ingkang agengipoen namoeng sakentol oetawi salengen.
Pamedalipoen
pantone sabin sarta pantone gaga bernadjek. Awit saking poenika tetijang ing
ngrikoe panenanipoen sekol wos ing dalem sataoen kirang langkoeng namoeng
tigang woetan. Dene ingkang sangang woelan namoeng tiwoel, inggih poenika
sekoel katela kaspe, sarta sekoel djagoeng toewin pala kapendem wedalipoen
pemahan kadosta : oewi, gembili, soeweg, tales toewin koeloeban.
Pantjen inggih
anggoemoenaken kadospoendi nalaripoen dene papan kados makaten teka dipoen
grijani tijang, mangka awis teda, awis kadjeng, sarta awis toja. Jen noedjo
mangsa katiga ngerak, wonten ing doesoen pangoepadosipoan toja ngantos lampahan
gangsal pal oetawi langkoeng.
Ing sadjatinipoen
ningali saking bale-pagrijan, teda toewin panganggenipoen tijang ing distrik
Poenoeng sanget malaratipoen tinimbang kalijan tijang sanes nagari. Ananging
meh saben tijang gadah maesa, lemboe toewin kapal. Malah ing doesoen
Karangendeng wonten tijang wasta Karsadrana. Poenika radjakajanipoen wonten
580, maesa 300, kapal 80. Kadjawi poenika katah kemawon tijang ingkang gadah
maesa, lemboe toewin kapal ngantos 30, 40, 50 oetawi 60 idji.
Wiwit kala roemijin
ngantos ing dinten poenika radjakaja ing poenong ingkang kasade ing tijang
sanes nagari, radjakaja sapeken, maesa, lemboe toewin kapal, kirang langkoeng
160 idji.
Soeprandene tijang
ing ngrikoe boten kapedjahan bibit, sarta katahing radjakaja boten soeda. Dados
tetela asilipoen distrik Poenoeng ingkang ageng pijambank radjakaja.
Kapal wedalan ing
Madja alit-alit, nanging koewat sanget, ringas sarta saketja toempakanipoen.
Awit saking poenika kapal wedalan Madja misoewoer ing sanes nagari. Dene ing wektoe poenika kapal
Madja sampoen risak, tegesipoen ing ngrikoe awis sanget wonten kapal ingkang
sae.
Wondene anggenipoen
kapal wedalane ing ngrikoe saged koewat sarta ringas, poenika tjoendoek kalijan
papanipoen. Awit pangombaripoen kapal ngrika-ngriki sangat omberipoen.
Roempoetipoen sae. Koelinanipoen kapal waoe wiwit belo tansah minggah medoen sarta ngambah sela pletes, krijak
sarta siti greges, ingkang amoeroegaken koewat sarta anggatosaken tratjakipoen.
Redi-redi ing tanah
Madja katah ingkang wonten arangipoen sela. Tijang ing ngrikoe mastani : watoe
ambar, ananging areng sela waoe boten sae jen kabesmi jatoenipoen boten benten
djalaran ngrokos.
Distrik poenoeng
poenika wiwit djaman poerwa mila ngantos ing djaman sapoenika, boten nate kaenggenan
nagari oetawi padoesoenan ingkang redja. Wewinihipoen tetijang ingkang gegrija
ing ngrikoe poenika saking pangenten-inten lepatipoen tijang pladjengan ingkang
dosa ing ratoe, inggih tijang ingkang
loemoeh njanggi pakarjan nagari, trimah neda sakedik nanging boten wonten
ingkang moenasika. Sanes-sanesipoen inggih poenika tijang ingkang nedya tapa
misah saking karamean. Awit sampoen saestoe boten wonten pangageng nagari ingkang poeroen njaroewe.
Djalaran tanah Madja waoe tanah pareden
ingkang tebih saking ler kidoel. Marginipoen sakalangkoeng roempil. Tijangipoen
sakedik. Asil pawedalipoen siti boten wonten.
II.
TJARIJOSIPOEN DOESOEN
MADJA KALIJAN DOESOEN MALINGMATI
Doesoen
ingkang kina pijambak wiwit saking djaman Boeda namoeng kekalih. Satoenggal
doesoen Madja. Kalih doesoen Malingmati. Ingkang dados gegoenoenganipoen kaseboet Kijai Ageng.
Pangagengipoen ing doesoen Madja kaseboet Kijai Ageng Madja. Dene
pangagengipoen doesoen Malingmati, kaseboet Kijai Ageng Malingmati.
Prenahipoen
doesoen Madja poenika kalijan doesoen
Malingmati kaeletan ing lepen alit. Doesoen Madja kaprenah saler lepen, doesoen
Malingmati kaprenah sakidoel lepen.
Ing
salami-laminipoen tanah Madja kabawah dating pangageng kekalih poenika. Sarta
boten katjarijos kabawah dating ing poendi-poendi. Kijai Ageng Malingmati boten
wonten gantjaripoen tijang saking poendi. Nanging njai Ageng Madja ingkang
sapisan poenika katjarijos poetranipoen ratoe ing Madjapait, inggih poenika
ratoe Madjapahit ingkang pepoetra satoes salapan, Kjai Ageng Madja ingkang
katjarijos poenika toeronanipoen njai Ageng Madja poetra ing Madjapait waoe.
Mila tanah ing ngrikoe kawastanan tanah Madja, awit mitoroet namanipoen njai
Ageng Madja. Dene mila kawasan Pringkoekoe, awit ing ngrikoe wonten toewoehanipoen
deling pring koekoe. Tanah Madja oetawi tanah Pringkoekoe oegi dipoen wastani
tanah Poenoeng. Temboeng Poenoeng waoe tjarijosipoen tijang ngrikoe, saking
temboeng toempoekaning goenoeng, oetawi eompoening goenoeng. Mila kawastanan
makaten awit ing ngrikoe prasasat kadaton redi.
Kijai
Ageng Madja tansah roekoen sae kalijan Kijai Ageng Malingmati. Doesoen Madja
sarta doesoen Malingmati prasasat dados satoenggal.
Anoedjoe
satoenggaling dinten Kijai Ageng Madja kesah dating wana. Ingkang estri tengga
grija. Sapengkeripoen ingkang djaler njai Ageng Madja kasoekan anggender sarwi
sesindenan wonten salebetipoen grija wingking. Katjarijos njai Ageng poenika
poetoes dating ing gending saha wasis sanget oelah karawitan. Ing salebetipoen
njai Ageng Madja genderan toewin sesindensn waoe ing djawi wonten tamoe djaler
satoenggal, wasta kijai santri. Kijai Santri sanget katjarjan ing manah mireng
swantening gender ingkang kataboeh prasasat rinding. Saking sanget kawilet ing
lagoe ingkang noedjoe prana, boten saranta kijai Santri ladjeng malebet ing
grija tanpa sraba. Sarta ladjeng anggerongi oetawi angjenggaki anggenipoen lelagon njai Ageng Madja. Dene njai Ageng Madja saking
kapiloet ing wiletaning anggenipoen lelagon ngantos kalimpoet ing saliring
kajatnan, oegi boten soemerep datenging kijai Santri.
Boten
katjarijos ingkang sami saketja lelangen agegerongan. Kotjapa kijai Ageng Madja
mantoek saking wana. Sadoemoginepoen ing
grija soemerep nalar makaten poenika sanget ing napsoenipoen. Tjiptaning manah
: ingkang estri temtoe lambing-sari kalijan tijang djaler ingkang wonten
pendapi poenika. Mila boten saranta kijai Santri ladjeng kalarejan ing waos
dadanipoen watgata teroes ing walikat. Sasampoenipoen makaten ladjeng melebet
ing grija amredjaja ingkang estri ingkang taksih saketja gegenderan.
Engkang
estri ladjeng pedjah sanalika. Dene kijai Ageng Santri dereng pedjah. Kijai
Santri ngoewoeh-oewoeh dating kijai Ageng Madja. Kijai Ageng Madja anjelaki.
Kijai Ageng Santri witjanten : …“ Kijai Ageng Madja, kowe ikoe mateni wong
tanpa dosa . “
Kijai
Ageng Madja mangsoeli sendoe : … “ Heh wong tjidra, wong angkara, kowe bias
tjalatoe tanpa dosa, apa kowe ora roemangsa dosamoe kokgendeng, koindit meksa
ngarani tanpa dosa. Apa kowe ora woes tjidra resmi marang bodjokoe ? ”
Kijai
Santri mangsoeli kanti temboeng aris oelat manis : “ O..mangkono pangiramoe. Nanging ikoe
loepoet. Mara delengen akoe daksaweh tanda jekti moenggoeh soetjine boedi
kalakoeankoe. Akoe pasangoeri dak pinta ing dewa kang adi soekmana kang
linoewih, jen akoe njata resik tanpa dosa, getihkoe maliha dadi poetih. “ Tjep
kendel witjatening kijai, sadaja erah malih dados erah petak, sarta gandanipoen
kados djebat kastoeri. Sareng kijai Ageng Madja soemerap nalar kados makaten
poenika, sanget ngoengoentri pandoerat tan kena angling woesana ladjeng
angrangkoel soekoenipoen kijai Santri kalijan ngrerepa saha neda pangapoenten
sakatah-katah. Soemawana pitaken nama toewin pinangkanipoen.
Kijai
Santri amangsoeli : … “ Arankoe kijai Santri, wong mendang kaboer kanginan,
kandang langit kemoel mega. Kowe adja soemelang apa-apa, tegese akoe ora pisan
lara atikoe, toewin ora nedya males ala marang kowe, djalaran woes pinasti
karsane dewe kang adi soekmana kang linoewih, jen ing dina iki akoe toemeka ing djandji moelih marang kadewataan, djalaran
saka tanganmoe. Ora loewih jen akoe woes mati, lajonkoe petaken ana ing desa
kene, soepaja ing tembe ditindjo oetawa tinoewi-toewi dening anak poetoekoe
kang pada nedya andjaloek pandonga marang akoe. “ Saksampoenipoen makaten kijai Santri toemenga
ing ngakasa ladjeng toemoengkoel mesem kaping tiga, wasana merem les ladjeng
pedjah.
Kijai
Ageng Madja sanget trejoehipoen manah miwah kadoewoeng ing salelampahipoen.
Ananging ladjeng kapoepoes, jen sadaja mosiking manoengsa atas saking djawata
di. Lajaning kijai Santri ladjeng dipoen penedi. Sasampoening paripoerna
ladjeng kapetak wonten ing doesoen ngrikoe, mitoeroet kados pitoeng kasipoen
kijai Santri. Wiwit ing kala samanten dating makamipoen kijai Santri waoe boten
ngemoengaken tijang ing tanah ing tanah Madja dening tijang alit kemawong,
dalah tijang saking mantja nagari toewin para bandara darah Mataram katah
ingkang sami tirakat wonten ingrikoe. Nanging para bandara ingkang tirakat ing
ngrikoe wade sarta angloegas raga amboetjal prabeting satrija.
Katjarijos
kijai Ageng Malingmati sanget seriking manahipoen dena anakipoen estri kapedjah
tanpa dosa dening kijai Ageng Madja. Nalar makaten waoe dados wewinihipoen
satron ingkang sanget. Awit saking poenika kijai Ageng Malingmati ladjeng
prasapa, ing satoeroen-toeroenipoen sampoen ngantos bebesan kalijan tijang ing
saleripoen lepen. Awit tijang saler lepen poenika watekipoen boetadjengan,
brangasan toer tjekak ing boedi. Makaten oegi kijai Ageng Madja inggih
andawoehaken ipat-ipat, ing satoeroenipoen sampoen ngantos bebesanan kalijan
tijang sakidoel lepen, awit tijang sakidoel lepen watakipoen tjidra. Wiwit kala
semanten ngantos ing djaman sapoenika tijang doesoen Madja boten wonten ingkang
poeroen bebesanan kalijan tijang ing doesoen Malingmati. Katjarijos oepami
wonten tijang ingkang poeroen naradjang wewaler waoe, temahipoen boten sae.
Lepatipoen pedjah salah satoenggal, inggih pegatan. Sampoen dilalah kedah
wonten nalaripoen ingkang adamel boten djoedjoeripoen djejodoan.
Ing jaman sapoenika manawi wonten tijang ing
doesoen Madja bebesanan kalijan tijang doesoen Malingmati, pangarakipoen
panganten boten kasabrangaken ing lepen ingkang dados pangipat-ipat waoe, ananging kaingeraken sanes margi. Sampoen ngantos anglangkoengi
lepen waoe. Amrihipoen sageda lepat saking cepata.
Katjarijos
kijai Ageng Madja gadah siti pasabinan toewin pategilan wonten ing kidoel
lepen, makaten oegi kijai Ageng Malingmati inggih gadah siti pasabinan wonten
ing ler lepen. Ing nalika kijai Ageng Madja taksih tepang sae kalijan kijai
Ageng Malingmati, panggarapipoen siti waoe sanget soesahipoen. Awit manawi
tijang Madja anggarap sabin dating kidoel lepen, ladjeng dipoen aroe-biroe
dening tijang ing Malingmati. Makaten oegi manawi tijang Malingmati anggarap
sabin dating ler lepen, inggih dipoen bendjet dening tijang Madja. Nalar
makaten waoe saja lami saja sanget, ngantos tijang Madja manawi bade anggarap
sabin dating kidoel lepen, oetawi tijang Malingmati jen bade anggarap sabin
dateng ler lepen, kedah ambekta tijang katah sarta sami sikep ing dedamel,
estanipoen kados tijang bade perang.
Lami-lami
kijai Malingmati gadah paneda dating kijai Ageng Madja, siti ingkang wonten
kidoel lepen tetepa dados gegadahipoen tijang Malingmati, ingkang wonten ing
ler lepen tetepa dados gadahanipoen
tijang Madja. Mila makaten soepados anggampilaken panggarap sara anjirep
sesatron ingkang ambebajani. Rembagipoen kijai Ageng Malingmati waoe dipoen
pitoeroeti dening kijai Ageng Madja, saha ladjeng kaleksanan, sabin ing Madja
ingkang wonten kidoel lepen tetep dados sabinjipoen tijang Malingmati. Dene
sabinipoen tijang Malingmati ingkang wonten ing ler lepen, tetep dados
sabinipoen tijangMadja. Salajengipoen wiwit lintonan sabin poenika ngantos ing
dinten poenika, tijang Madja mantoen satron kalijan tijang Malingmati. Ing
nalika kijai Ageng Madja sampoen sepoeh,
kaseboet ing Ngaren, oetawi kijai Bodo ing Madja.
Toeroenipoen
kijai Ageng Madja toewin kijai Ageng Malingmati boten katjarijos.
III.
RADEN PRAWIRAJOEDA,
POETRA MADJAPAIT, DIPOEN PADOSI INGKANG RAMA DATENG ING TANAH MADJA.
Katjarijos
pandjenenganipoen praboe Brawidjaja ingkang wekasan, kagoengan garwa padmi
saking Tjempa, nama Dwarawati, oegi kagoengan garwa paminggir.
Garwa
padmi toewin garwa paminggir waoe sami anggarbini. Anoedjoe satoenggiling
dinten garwa padmi lenggah wonten ing taman, ing sangandaping sekar Nagasari
sarta dipoen oelik dening garwa paminggir ingkang pratelakaken ing nginggil.
Ing salebetipoen oelik waoe akanti imbal laras awarni-warni. Wasana sang
prameswari katawengan ing penggalih, ladjeng kawedal pangandikanipoen makaten :
“ Mbesuk menawa anggonkoe anggarbini iki metoe wadon, sarta enggonmoe angandeg
metoe lanang, ajo pada bebesanan bae.”
Ingkang kedawoehan matoer noewoen sarta njandikani. Poenika malih memoedji
soepodos pangadjeng-adjeng waoe djinoerong ing karsaning dewa. Ing wektoe
poenika wonten swanten goemleger, geter pater dedet erawati ngakak. Ebahing
djagad ingkang makaten waoe -estanipoen kados anekseni setyaning pradjandjian.
Boten
antawis lami anggenipoen anggarbini sang prameswari ambabar poetry sakalakoeng
endahing warni. Garwa pangrembe ambabar poetra kakoeng sakalakoeng pekik ing
tjitranipoen. Lestantoen poetra lan poetry waoe wilodjeng ngantos ing diwasa.
Ing
sasampoenipoen poetra kekalih waoe sami diwasa, karsaning prameswari bade
kadaopaken. Awit sampoen dados oebajanipoen nalika anggarbini. Adjrih
sesikoening dewa jen ta angjeleda pangandika ingkang sampoen kawedal. Poenapa malih karsanipoen ingkang iboe
makaten poenika. Ananging praboe Brawidjaja sanget anggenipoen boten kapareng
dating karsanipoen sang prameswari ingkang makaten poenika. Awit boten wonten
tjaranipoen tijang palakrama angsal saderek pijambak.
Anoedjoe
satoenggiling dinten ing wantji daloe poetra kekalih waoe sami lolos saking
kadaton Madjapait, kesah sapoeroeg-poeroeg. Ing saladjengipoen ngenger dating
kijai Ageng Boejoet ing Ngaren, inggih kijai Bodo ing Madja, inggih kaseboet
Kijai Ageng Madja. Sarta nalika doemoegi ing ngrikoe poetra lan poetry waoe sampun
dados garwa, nama raden Prawirajoeda.
Kijai
Ageng Madja priksa jen raden Prawirajoeda poenika sanes tijang sembarangan.
Ananging boten priksa lan boten nginten pisan-pisan jen poetraning ratoe. Mila wontenipoen ing ngrikoe ladjeng
karengkoeh kados anakipoen kemawon. Dipoen ken gaga oetawi nenanem teneman
sanesipoen, sarta anggarap padamelan kados dene anak-anakipoen.
Ing
salolosipoen poetra kalih waoe praboe Brawidjaja sanget ngoengoening penggalih.
Sarta ladjeng oetoesan angoepadosi. Dawoehipoen dating ingkang dipoen oetoes,
ing poendi anggenipoen kapanggih, soepados ladjeng anjaosi pirsa. Awit sang
praboe pijambak bade kersa tedak amondongi ingkang poetra.
Boten
antawis lami oetoesan waoe angsal titikan, manawi poetra lan poetri ingkang
sami lolos waoe samangke ngenger dating kijai Ageng Madja, sarta nama raden
Prawirajoeda. Poenapa malih poetra lan poetry sampoen dacep dados garwa.
Oetoesan waoe ladjeng nerangaken. Sasampoenipoen jakin ladjeng mantoek ing
Madjapait. Angoendjoeki pirsa ing sang praboe.
Sareng
sang praboe tampi atoeranipoen oetoesan, sanget bingah sarta soekoer ing dewa
dene potranipoen kekalih pisan taksih sami rahardja, sarta sampoen kantenan ing
doenoengipoen. Ing wektoe poenika oegi sang praboe ladjeng tedak dating ing
grijanipoen kijai Ageng Madja. Namoeng dipoen derekaken dening abdi sawatawis.
Kersanipoen bade amondengi poetranipoen.
Sareng
sang praboe sampoen rawoeh ing grijanipoen kijai Ageng Madja, ladjeng andangoe.
Pangandikanipoen : “ Kijai apa njata kowe dingengeri botjah lanang wadon aran
raden Prawirajoeda ? “ Kijai Ageng Madja amangsoeli : “ Noewoen inggih makaten goesti.”
Sang
praboe ngandika malih : “ Wroehanamoe, botjah ikoe loro pisan anakkoe, lan
saiki ana ing ngendi ? “
Kijai
Ageng Madja sanget ngoengoening manah, Matoer ing sang praboe Brawidjaja sarwi
angrerepa. Temboengipoen : “ O .. Goesti, moegi linepatna ing bebendoe dalem,
abdi dalem boten pirsa pisan-pisan jen raden Prawirajoeda poenika poetra dalem.
Awit saking poenika pangrengkoeh kawoela ing poetra dalem namoeng abdi dalem
predi anggarap padamelan among kisma ing pagagen. Mila sakatahing kalepatan
kawoela moegi wontena ing pangapoenten dalem.”
Sang
praboe ngandika kalijan renaming panggalih : “ Ija kijai Boejoet, prakara ikoe
kabeh ora dadi apa. Malah agawe kasenengakoe. Apa maneh ingsoen asoeng panarima
ing kowe, dene kowe woes angoekoep sarta anggoela-wentah marang potraningsoen.
Ora loewih saiki poetraningsoen soesoelen marang pagagan. Toetoera jen akoe
teka ing kene sarta deweke daktimbali.”
Kijai
Ageng Madja matoer sandika. Ladjeng bidal ing pagagen. Sadoemoeginipoen ing
pagagan ladjeng pinanggih raden Prawirajoeda ingkang pinoedjoe saweg matoen
gaga kalijan ingkang raji.
Raden
Prawirajoeda ing batos sanget kaget aningali datengipoen kijai Ageng Boejoet,
dene pijambakipoen dateng ing pagagan agoerawalan. Poenapa malih sareng pirsa
poetranipoen sanget beda kalijan adat saben. Kijai Boejoet matoer sarwi
anjembah dateng raden Prawirajoeda, temboengipoen : “ Gusti, kawoeningana ing
pandjenengan dalem, jen rama dalem ingkang sinoehoen ing Madjapait tedak ing
padepokan koela preloe bade ambojongi sarira dalem sakalijan.”
Raden
Prawirajoeda esmoe kaweken sarta ngoengoen ing panggalih. Wasana ladjeng
amangsoeli. Temboengipoen : “ Kaki, kowe moeliha disik. Sembah soengkem
oendjoekna ing kandjeng rama. Dene akoe ditimbali ija sandika. Mengkoe sadela
akoe bakal seba. Mara, dikebat moeliha disik, adja kasoewen ana kene, Manawa
dadi pangadjeng-adjeng rama.”
Kijai
Boejoet mitoeroet sapakenipoen raden Praworajoeda. Sadoemoegonipoen ing grija
ladjeng mondjoek ing sang praboe, angandaraken soelanging lampah. Praboe
Brawidjaja sakalakoeng bingahing pangalih midanget atoeripoen kijai Boejoet.
Awit tjiptaning panggalih boten dangoe malih bade kapanggih ingkang poetra.
Ing
sapengkeripoen kijai Madja, raden Prawirajoeda kalijan ingkang raji ladjeng
lolos saking pagagan. Oempetan wonten ing wana ingkang boten tebih saking
ngrikoe. Awit sedyanipoen loemoeh sanget kapanggih ingkang rama. Soemelanging
manah bokbilih kabekta kondoer dateng Madjapait. Jen kaleksanan kados makaten,
saiba bade wirangipoen.
Sampoen
doemoegi mangsanipoen pangadjeng-adjeng, nanging raden Prawirajoeda dereng
wonten dateng. Mila praboe Brawidjaja ladjeng oetoesan angenggalaken. Awit sang
praboe sampoen sakalangkoeng oneng dateng ingkang poetra. Oetoesan enggal
ladjeng bidal dateng ing pagagan. Ananging ing sadoemoeginipoen pagagan sepen,
mila inggih ladjeng tjangkelak wangsoel. Ngoenjoeki pirsa ing sang praboe.
Praboe
Brawidjaja sanget ngoengoen midanget atoering oetoesan. Wasana ladjeng
andawoehaken dating para abdi toewin kijai Ageng Madja, ngoepadosi ingkang
poetra ngantos kapanggih.
Kijai
Ageng Madja sabrajatipoen toewin abdi ing Madjapait sawatawis ladjeng sami
mangkat ngoebres ing wana miwah ing djoerang-djoerang, ngoepadosi raden
Prawirajoeda. Ing ngrikoe wonten abdi ing Madjapait wasta Demang Prawiramantri,
saget kapanggih kalijan raden Prawirajoeda, pinoedjoe mantjing wonten
sapinggiring lepen alit. Demang Prawiramantri ladjeng matoer, Temboengipoen : “
Goesti, pandjenengan dalem sakalijan raji dalem sapoenika oegi dipoen timbali
rama dalem Ingkang sinoehoen,”
Raden
Prawirajoeda mangsoeli : “ Wroehanamoe Demang Prawiramantri, akoe iki isih
nglakoni ora kena katemon rama iboe toewin sanak-sadoeloer. Dene nggonkoe
moedar tapa sesoek wajah bedoeg. Awit saka ikoe, kowe moendjoeka kandjeng rama,
jen ing dina iki akoe doeroe bias seba, Djalaran isih nglakoni. Sesoek wae
wajah bedoeg awan kowe dewe tekaa ing kene, metoeka ing akoe. Ing kono akoe
bandjoer sowan kandjeng rama, bareng-bareng karo kowe.”
Demang
Prawiramantri ladjeng wangsoel. Sowan ing sang praboe. Angondjoekaken selahing
lampah. Sang praboe sakalangkoeng bingah ing panggalih. Awit sadaja atoeripoen
raden Prawirajoeda waoe kagalih tetep.
Ing
dina titimangsaning oebaja, praboe Brawidjaja Ngandika dating kijai Ageng
Madja, pangandikanipoen makaten : “ Kijai Boejoet, sagotrahmoe pada anderekna
tedak-ingsoen, awit ingsoen arsa mondongi potraningsoen si koeloep toewin si
ebeng.” Saha andawoehaken dateng abdi ing Madjapait sadaja kinen anderek. Saha
njadijani titihan kapal toewin tandoe bade kagem poetra dalem sakalijan.
Katjarijos
sang praboe ladjeng tedak. Kaderekaken abdi ing Madjapait sadaja toewin kijai
Ageng Madja sagotrahipoen. Sadoemoegining panggenan anggenipoen djandji raden
Prawirajoeda kalijan Demang Prawiramantri sampoen kepanggih sepen. Awit
sapengkeripoen Demang Prawiramantri, raden Prawirajoeda ladjeng ontjat saking
ngrikoe dating wana Ngretati. Sang praboe sanget ngoengoen ing penggalih. Wasana
ladjeng neges karsaning dewa. Sampoen pinasti karsaning hjang Soekma kawekas,
jen sang praboe dereng mangsanipoen saged kapanggih kalijan ingkang poetra.
Dene jen meksa bade kapanggih saged, ananging karaton ing Madjapait bade risak.
Awit saking poenika sang praboe narimah pepasten dewa. Ladjeng andawoehaken
dating kijai Ageng Madja. Pangandikanipoen : “ Kijai , kali lan alas iki
dakdjenengake Lirabaja, tegese angelirake oebaja, oetawa njidrani djandji. Lan
maneh pandjenenganingsoen bandjoer koedoer ing Madjapait. Ananging
sapoengkoeringsoen kowe banjoer anggolekana poetraningsoen. Manawa wis katemoe
kowe enggal sowana marang ing Madjapait.”
Kijai
Ageng Madja moendjoek sandika. Sang praboe ladjeng koendoer ing Madjapait.Wiwit
kala samanten ngantos doemoegi sapoenika lepen toewin panggenan ing ngrikoe
nama lepen toewin wana Lirabaja.
IV.
RADEN PRAWIRAJOEDA INGGIH GOESTI KALAK, WONTEN ING DOESOEN NGRETATI.
Ing
sapengkeripoen praboe Brawidjaja, kijai Ageng Madja ladjeng ngoepadosi dating
raden Prawirajoeda. Boten antawis lami pinanggih sampoen dedoekoeh wonten ing
wana Ngretati, oetawi ing Kalak. Wiwit ing dinten waoe Reden Prawirajoeda
kaseboet Goesti Kalak saha kaanggep Ratoe dening tijang ngrikoe.
Sasampoenipoen
terang tanah prenahipoen toewin doenoengipoen Goesti Kalak, kijai Ageng Madja
ladjeng tata-tata bade sowan ing Madjapait, angoendjoeki pirsa dating sang
praboe.
Menggah
rerontjenipoen boten katjarijosaken. Kijai Ageng Madja sampoen doemoegi ing
nagari Madjapait saha ladjeng malebet ing kadaton. Ing nalika lampahipoen
malebet ing kori gapit, ladjeng katjepeng, sarta dipoen winajoengjoen dening
kantja kemit boemi ingkang sami djagi kori gapit. Djalaran, ingkang sapisan
panganggenipoen kijai Ageng Madja sarwa kadoet. Kaping kalih, wewangonanipoen
boten memper kalijan tijang ing Madjapait. Dados dipoen kinten bilih poenika
pandoeng agoena oetawi telik sandi oepaja.
Bebestan waoe ladjeng kalaporaken ing kepatihan. Saladjengipoen
kondjoek ing sang praboe.
Sareng
kijai Ageng Madja katjaosaken ing ngarsaning sang praboe, sang praboe boten
kasamaran jen ingkang dipoen winajoeng-joeng poenika kijai Boejoet ing ngaren.
Mila enggal ladjeng andikakaken angloewari. Saha ladjeng pinarpekan dening sang
praboe. Tanpa ngandika ladjeng dipoen kanti kabekta malebet ing kadaton. Para
mantri boepati ingkang sami soemewa sami tjing sadaja. Saha boten wonten ingkang saged andoegi ing
karsanipoen sang nata, djalaran dereng sami soemerep moelaboekanipoen.
Sadoemoeginipoen
ing karataon kijai Ageng Madja ladjeng kaparingan santoen pangangge sarwa adi,
toewin kaprenahaken ing panggenan ingkang saketja toewin pantes.
Sasampoenipoen
ing karaton kijai Ageng Madja santoen pangangge sarta tentrem ing manah,
ladjeng katimbalan loemebet ing kadaton. Awit saking karsanipoen sang nata,
kijai Ageng Madja kakarsakaken lenggah djajar kalijan sang praboe saha sang
prameswari. Wasana sang praboe andangoe bab ingkang poetra. Kijai Ageng Madja
angandaraken poenapa kawontenanipoen sadaja. Sang praboe toewin sang prameswari
sakalangkoeng soeka saha soekoer ing jawata dene ingkang poetra kalih pisan
sampoen kantenan doenoengipoen. Poenapa malih kadjen kacermatanipoen anetepi
kados poetraning ratoe.
Kijai
Ageng Madja sanget dipoen sihi ing sang praboe. Sarta wontenipoen ing kadaton
Madjapait sakalangkoeng kadjen saha sinoeba-soeba. Menggah laminipoen kijai
Ageng Madja wonten ing kadaton boten katjarijos.
Anoedjoe
satoenggaling dinten kijai Ageng Madja katimbalan ing sang praboe, sarta
kadawoehaken makaten : “ Kijai, woea tjoekoep lawase anggonmu ana ing kadaton.
Moelane saiki betjik kowe moeliha. Ora loewih moenggoeh pandjaga lan
panggadarenamoe marang poetraningsoen sakarone, masa bodoa ing kowe. Dene jen
kowe woes teka ing omahmoe, kowe toemoeli balia mrene. Anak bodjomoe gawanen
seba ing ngarsaningsoen. “
Kijai Ageng moendjoek sandika, Toemoenten pamit
mantoek oegi kalilan sarta kaparingan sangoe ing satjekapipoen.
Lampahipoen
kijai Ageng Madja sampoen doemoegi ing Madja kalajan wiloedjeng. Ladjeng sowan
dateng goesti Kalak. Angandaraken poenapa ingkang sampoen kalampahan. Goesti
Kalak sanget bingahing penggalih. Awit roemaos jen wiwit ing dinten poenika
anggenipoen dedoekoeh wonten ing Ngretati saged tetep. Djalaran sampoen dados
kaparengipoen ingkang rama saha ingkang iboe, jen sariranipoen kalestantoenaken
manggen wonten ing ngrikoe. Mila pambabadipoen wana ladjeng dipoen santosani,
sarta ladjeng misoewoer ing tanah Samboejan sapitoeroetipoen, jen poetranipoen
sang praboe Brawidjaja wonten ingkang babad
wonten ing wana Ngretati. Awit saking poenika katah tijang saking tanah
Samboejan toewin ing Pengging sami
bojong anderek bade wonten ing Ngretati. Boten antawis lami doekoehan
ing Ngretati dados redja. Goesti Kalak kanggep ratoe dening tijang ing ngrikoe,
poenapa malih dalemipoen kaseboet : kadaton ing Ngretati. Kijai Ageng Madja
kalijan kijai Ageng Malingmati toewin tijang satanah Madja sadaja sami ngidep
sara nganggep ratoe dateng Goesti Kalak.
Noedjoe
satoenggaling dinten kijai Ageng Madja sowan ing Goesti Kalak. Preloe ngatoeri
oeninga sarta pamit pijambakipoen bade sowan ing Madjapait. Goesti Kalak
anajogjani bade pisowanipoen waoe. Sarta pawartos bab sariranipoen
kaoendjoekipoen dateng sang praboe kaborongaken ing kijai Ageng Madja.
Sasampoenipoen
makaten, kijai Ageng Madja sak anak rajatipoen ladjeng bidal dateng ing
Madjapait. Menggah rerontjenipoen boten katjarijos.
Kijai
Ageng Madja sampoen sowan ing sang praboe saha katampi kalajan renaming
penggalih. Meh saben dinten sang praboe lelenggahan wonten salebeting kadaton,
imbal pangandika kalijan kijai Ageng Madja. Andangoe bab ingkang kalampahan
dateng ingkang poetra sakalijan. Kijai Ageng Madja ngoendjoeki priksa wiwitan
ngantos wekasan. Sang praboe sanget soeka amirengaken atoeripoen kijai Ageng
Madja. Saha andawoehaken, jen ing sapoenika tanah Madja sadaja kaparingaken
dateng Goesti Kalak. Poenapa malih adegipoen karaton ing Ngretati oegi sampoen
dados kaparenganipoen sang praboe.
Boten
katjarijos pinten laminipoen kijai Ageng Madja wonten ing nagari Madjapait.
Anoedjoe satoenggaling dinten kijai Ageng Madja saanak rajatipoen katimbalan
ing sang praboe. Kadawoehan makaten : “ Kijai, sarehne kowe wis lawas ana
kadaton, saiki kowe ingsoen lilani moelih menjang Madja. Iki ana
gandjaraningsoen. Kowe lan anakmoe lanang pada ingsoen tarimani momongan,
garwaningsoen paminggir. Nanging kawroehana, garwaningsoen paminggir kang ingsoen
patedakaken ing kowe, ing saiki lagi ngandeg. Moelane den saranta. Poma adja
katjedaki sadoeroenge lair djabang-baji. Ing tembe Manawa baji woes lair,
akoenen dadi anakmoe, darapon Manawa salamet, ing tembe dadia widji ana ing
tanah Madja. Jen lair lanang, djenengne raden Lemboepeteng, dene jen lair wadon
djenengna sakarepmoe.”
Kadjawi
poenika sang praboe maringgi radja-brana katah awarni-warni dateng kijai Ageng
Madja. Kijai Ageng Madja sanget soeka bingah toewin sanget ing panoewoenipoen
dateng sih kadarmanipoen sang praboe ingkang samanten agengipoen poenika.
Sasampoenipoen
ngandika dateng kijai Ageng Madja, ladjeng ngandika dateng njai Ageng Madja : “
Njai, kowe adja tjilik atimoe lan adja soemelang, kang djalaran bodjomoe
ingsoen tarimani garwaningsoen paminggir. Pamoendoetingsoen,
adja pisan-pisan korengkoeh maroe, ananging rengkoehen sadoeloer wadon. Apa
maneh ingsoen nitipake potraningsoen kang saiki lagi dikandoet. Jen kelakon
bisa lair kalawan salamet, rengkoehen kaja anakmoe dewe. Soemawana
garwaningsoen paminggir kang ingsoen tarimakaken marang anakmoe, adja pisan
kowe rengkoeh mantoe. Ananging rengkoehen kaja anakmoe wadon. “ Poengkasaning
dawoeh sang praboe aparing gandjaran pangangge toewin barana dateng njai Ageng
Madja. Njai Ageng Madja moendjoek sandika saha sanget ing panoewoen, saha
njandikani bade angestokaken poenapa dawoehipoen sang praboe. Sang praboe
toemoenten andawoehaken timbalan malih dateng kijai Ageng Madja : “ Kadjaba
saka ikoe, kijai, ingsoen kirim marang poetraningsoen, goestimoe ratoe ing
Ngretati, kajata kepek isi djimat, wangkingan aran kijai Djaroeman, panganggo
toewin radja-brana, apa maneh kebo, sapi lan betjiking djaran weton Madja. Lan
maneh iki lajangingsoen paringna marang goestimoe. “ Kijai Ageng Madja moendjoek
sandika ladjeng kalilan mantoek.
Kijai
Ageng Madja saanak rajatipoen sampoen doemoegi ing grija kalajan wiloedjeng.
Boten watawis lami bodjonipoen tariman saking Madjapait waoe gadah rentjang
lare medal djaler, saha ladjeng kanamakaken raden Lemboepeteng. Menggah
saleresipoen ingkang katarimakaken dateng kijkai Ageng Madja waoe dede garwa
paminggir, ananging namoeng manggoeng kemawon. Bade ladjeng kapoendoet garwa
pangrembe, sang praboe kirang resep ing panggalih. Mila inggih ladjeng
katarimakaken dateng kijai Ageng Madja.
Kijai
Ageng Madja ladjeng sowan ing Goesti Kalak, angatoeri oeninga bab anggenipoen
sowan ing Madjapait, miwiti ngantos makasi. Ladjeng amaringaken pakintoenipoen
sang praboe warni-warni toewin serat. Sasampoenipoen goesti Kalak maos seratipoen
ingkang rama, ladjeng anampi barang kintoenan waoe, kadosta, kepek isi djimat
toewin sanes-sanesipoen. Sadaja tjotjog kados ing kang kawrat ing serat.
Namoeng wangkingan kijai Djaroeman boten wonten. Goesti Kalak andangoe : “ Kabeh pakintoene kandjeng rama woes tjotjok
karo kang kamot ing lajang. Moeng prakara wangkingan kijai Djaroeman, ing
lajang kaseboet, ananging woedjoede ora ana, ikoe kaprije.” Kijai Ageng Madja
rewa-rewa andjoemboel kalian mangsoeli : “… Lo, geseh kados poendi, Goesti saking
roemaos kawula sadaja paringipoen rama dalam boten wonten ingkang kawoela
oentet. Inggih poenika woedjoedipoen sadaja ingkang koela tampi saking rama
dalem. Ewadene pangandika dalem wonten ingkang kirang, mbokbilih saking kalidon
anggenipoen maringaken, ing serat sampoen kaserat nalika maringaken kesoepen.
Mila bab poenika prajogi kawoela sowan
malih ing Madjapait, anerangaken prakawis wangkingan kijai Djaroeman. Awit
temenipoen kawoela pantjen dereng nampeni wangkingan waoe.”
Goesti
Kalak ngandika : “ Ija betjik mangkono, kijai, kowe toemoeli mangkata menjang
Madjapait moempoeng isih idoe anget.” Kijai Ageng Madja matoer sandika, ladjeng
njoewoen pamit mantoek. Oegi sampoen kalilan.
Sejektosipoen
wangkingan kijai Djaroeman waoe pantjen kacentet dening kijai Ageng Madja. Sadoemoeginipoen
ing grija kijai Ageng Madja boten pantos lami raden Lemboepeteng tilar donja.
Ladjeng kakoeboer wonten ing doesoen Madja. Ngantos samangke makamipoen raden
Lemboepeteng waoe dados pepoendenipoen tijang tanah Madja.
Goseti
Kalak tansah angadjeng-adjeng katerangan bab wangkingan kijai Djaroeman. Nanging tanpa wasana. Awit sadjatosipoen
wangkingan waoe wonten tanganipoen kijai Ageng Madja. Dene kasagahipoen kijai
Ageng Madja bade anerangaken dateng Madjapait, temenipoen namoeng
angapoes-krama. Mila saben kangetaken soepados toemoenten sowan dateng
Madjapait, wangsoelanipoen namoeng : inggih sandika. Dena jen kasereg sabab
poenapa dereng sowan, wangsoelipoen sengadi sakit, oetawi mratelakaken bab
warni-warni.
Lami-lami
Goesti Kalak angsal katerangan ingkang jakin, jen wangkingan kijai Djaroeman
waoe pantjen dipoen melikaken pijambak dening kijai Ageng Madja. Awit saking
poenika Goesti Kalak sakalangkoeng doeka, wasana ladjeng amepakaken abdinipoen
sadaja, ngloeroegi kijai Ageng Madja. Kadjawi bade anoendoeaken wasesa dateng
kijai Ageng Madja, sebab saking tjidranipoen. Nalar makaten waoe ladjeng
kapireng dening kijai Ageng Madja. Sarehne pijambakipoen roemaos dosa, mila
ladjeng miroeda saanak rajatipoen dateng doesoen Koeloeng tanah. Samboejan
bawah ing Soerakarta. Wiwit wektoe poenika ngantos saladjengipoen kijai Ageng Madja ladjeng
boten ketjap malih.
Sarawoehipoen
Goesti Kalak wonten ing Madja, sampoen kapanggih sepen. Mila sanget tjoewaning
panggalih dene boten kaleksanan ing karsanipoen. Ananging ladjeng kapoepoes,
narimah dateng lelampahipoen.
Goesti
Kalak lestantoen angrateni tanah Madja. Boten gantalan tacen saking
miroedanipoen kijai Ageng Madja nagari Madjapait karisak dening raden Patah
Soeltan ing Demak. Dene praboe Brawidjaja lolos saking nagari kaderekaken
pandita satoenggal. Ladjeng amertapa wonten ing goewa Kalak. Ananging goesti
Kalak boten pirsa jen ingkang rama mertapa wonten ing ngrikoe.
IV.
GOESTI KALAK ANGRASOEK
AGAMI ISLAM.
Katjarijos
nalika djaman karaton ing Demak, ingkang dados panggenanipoen tanah Tembajat
bawah Soerakarta, wasta kijai Ageng Tembajat. Agamanipoen sampoen Islam.
Kijai
Ageng Tembajat miring pawartos jen ing tanah Madja wonten poetra ing Madjapait
adjedjoeloek goesti Kalak. Angratoni tanah Madja saha angedaton wonteen ing
Ngretati. Ananging agamanipoen taksih boeda. Kijai Tembajat soemedya
angeslamaken goesti kalak waoe.
Sasampoenipoen
kamanah prajogining lampah, pijambakipoen ladjeng mangkat dateng Ngretati.
Ambekta anakipoen prawan ingkang langkoeng
endah ing warni. Sadoemoeginipoen ing Ngretati, mbek prawan ladjeng toemoet
moegoet pantone ing sabinipoen goesti kalak. Dene kijai Ageng Tembajat namoeng
anggedawang saking tebihan dateng anakipoen ingkang moegoet. Ing wektoe sijang
noedjoe benter sanget kijai Ageng Tembajat keraos ngelak, mila ladjeng amendet
degan.
Pamendetipoen
boten dipoen penek, ananging namoeng dipoen erog kemawon. Pratengkah makaten
kawoeningang dening goesti kalak. Goesti Kalak estoe eram dene wonten tijang
gadah karosan kados makaten. Mila kijai Ageng Tenbajat ladjeng katimbalan,
kadangoe asal toewin pinangkanipoen. Kijai Ageng Tembajat amratelakaken titi
poenapa sai dangoenipoen goesti Kalak. Saha njaosi priksa jen datengipoen ing
ngrikoe poenika preloe angeteraken anakipoen prawan soemedya bara moegoet
pantoen.
Goesti
Kalak angandika dateng kijai Ageng Tembajat dawoehipoen makaten : “ Kijai,
mbesoek maneh Manawa kowe ngoendoeh dawegan oetawa kalapa, adja ka erog kaja
maoe ikoe. Wong ngoendoeh kalapa ikoe detjike mangkene, “ Ngandika makaten waoe astanipoen sarwi ngawe
oewit kalapa. Oewit kalapa ladjeng
toemeloeng ngantos toemempel ing siti. Goesti Kalak ladjeng ngoendoeh
kalapa ing sasenengipoen, sarta ngandika : … Lah mangkene patrape wong apek
dawegan, dadi ora loewih saka praloene. Balik Manawa dierog, dalah bloeloeke
katoet meloe gogrog, wekasane gawe pitoena akeh.”
Kijai
Ageng Tenbajat sanget eram aningali kalangkoengipoen goesti Kalak. Ing wektoe
poenika anakipoen dipoen oendang. Tjiptaning batos soepados goesti Kalak priksa
dateng woedjoeding anakipoen.
Sareng
goesti Kalak priksa dateng anakipoen kijai Ageng Tembajat , ing batos sanget
anggenipoen kasmaran. Ananging dipoen samoedana. Wasana ladjeng ngandika
makaten : “ Ikoe anakmoe kijai. Roepane manis. Tandoeke aloes toer djatmika,
jen kowe dangan anakmoe ikoe dakepek dadi padaran, saka pandoegakoe wong resik
sarta manis kaja anakmoe ikoe olah-olahane ija sedep sarta resikan.”
Kijai
Ageng Tembajat sanget bingah miring pangandikanipoen goesti Kalak makaten
poenika. Tjiptanipoen bade kasembadan poenapa saestaning manah. Mila boten mawi
kamanah malih sapamoendoetipoen goesti Kalak ladjeng dipoen sandikani kemawon.
Wasana ladjeng pamit mantoek dateng Tembajat.
Katjarijos
sapengkeripoen kijai Ageng Tembajat, mbok prawan ladjeng ngladosi goesti Kalak
wonten ing kadaton Ngretati. Goesti Kalak sakalangkoeng kasmaran. Saking boten tahan ing
panandangipoen gandrung, mbok prawan ladjeng katantoen poenapa poeroen
kapoendoet garwa.
Mbok
prawan amangsoeli, sampoen ingkang kapoendoet dados garwa, sanadjan namoeng
kapoendoet dados garwa pangrembe inggih sandika nglampahi. Ananging sarehning
pijambakipoen tijang Islam, manawi kaningkah tjara agami Boeda, njoewoen mopo.
Goesti Kalak boten koewawi anahan asmareng gandroeng. Mila sapanjoewoenipoen
mbok prawan dipoen pitoeroeti.
Kala
samanten goesti Kalak ladjeng tindak dateng Tembajat, sareng-sareng kalijan
mbok prawan. Sadangoenipoen ing Tembajat ladjeng santoen agami Islam, saha
ladjeng magoeroe dateng kijai Ageng Tembajat, ing bab reh patokaning agami
Islam. Sasampoenipoen poetoes dateng agami Islam, ladjeng ningkah dateng prawan
anakipoen kijai Ageng Tembajat. Wonten ing Tembajat boten patos lami, goesti
Kalak dalah garwanipoen ladjeng koendoer dateng Ngretati.
Katjarijos
sasampoenipoen goesti Kalak mandjing agami Islam, sadaja goena kawidjajan,
kanoeragan toewin kasantikanipoen sirna babarpisan. Saha ladjeng kasoepen
dateng garwanipoen kawitan. Rinten daloe tansah kados mimi lan mintoena kalijan
garwanipoen ingkang saking Tembajat.
Garwa
sepoeh sanget soesah saha merang ing galih. Toewin roemaos boten kangge.
Sasampoenipoen kasarantosaken ngantos kawahdasa dinten ingkang raka estoe boten
kaengetan dateng sariranipoen, ladjeng lolos dateng Klatak, wonten ing ngrikoe
ladjeng moeksa moeroet ing kadewan.
Ing
saladjengipoen goesti Kalak moelangaken agami Islam dateng tetijang tanah Madja
sadaja. Wiwit ing wektoe poenika tijang ing tanah Madja sadaja gantos agami
Islam.
Goesti
Kalak lestantoen dados goegoenoenganipoen tijang tanah Madja. Sareng seda
kasarekaken wonten ing Ngretati, djedjer pasarehanipoen ingkang garwa saking
Tembajat.
Ing
sasedanipoen goesti Kalak katjoengkoep. Pajonipoen sirap, Pager gebjog,
Bebaloenganing tjoengkoep, sirap, toewin gebjogipoen sadaja kadjeng djatos.
Ingkang dados djoeroe koentji wiwit kala djaman samanten ngantos djaman sapriki
taksih toeroen-toemoeroen dateng anakipoen djaler pembadjeng. Ing wektoe
poenika ingkang dados djoeroe koentji wasta : Djagaresa, sampoen toemoeroen
kaping sanga saking djoeroe koentji sapisan.
Toeroenipoen
goesti Kalak ingkang pantjer djaler kados ing ngandap poenika :
1.
Goesti Kalak :
2.
Kijai Godeg, grija ing doesoen
Sekar :
3.
Kijai Bekel, grija ing doekoeh
Boegel :
4.
Kijai Tanoepraja, grija ing
doesoen Kendal :
5.
Kijai Patragata, grija ing doesoen
Kendal :
6.
Kijai Kretatroena, grija ing
doesoen Kendal :
7.
Kijai Kertadjaja, grija ing
doesoen Kendal :
8.
Kijai Naladjaja, grija ing
doesoen Kendal :
9.
Kijai Troenamenggala, grija ing
doesoen Kendal.
Kepek
isi djimat peparingipoen praboe Brawidjaja ing Madjapait dateng goesti Kalak,
sasedanipoen goesti Kalak kawarisaken dateng ingkang poetra ingkang wasta kijai
Godeg, ing doesoen Sekar. Makaten toeroen-toemoeroen sapangandap. Ing dinten
poenika wonten tanganipoen tijang wasta Troenamenggala ing doesoen Kendal.
Troenamenggala poenika toeroen kaping sanga saking Goesti Kalak. Dene enem
sepoehipoen Troenamenggala ing wektoe poenika, kinten-kinten oemoer 60 taoen,
poetoenipoen sampoen katah.
Kepek
waoe salaminipoen dipoen sanggar wonten sanginggiling patileman. Sarta boten
nate kaoengkoelan ing tijang. Poenapa malih saben dinten Djoemoeah toewin
Anggara Kasih dipoen oengkoep ing doepa.
Kepek
waoe isinipoen :
1.
Dipoen wastani : Badong
satoenggal idji :
2.
Dipoen wastani : Kelatbaoe
satoenggal idji :
3.
Dipoen wastani : Koeloek-matak
satoenggal idji :
4.
Serat karopak 30 idji.
Ingkang
dipoen wastani “ BADONG ” waoe. Ingkang kadamel saking kentel petak. Kalinting
mawi dipoen dondomi. Wangoenipoen kados oesoes-oesoes saroewal. Agengipoen
sadridji. Pandjangipoen 3 kaki.
Ingkang
dipoen wastani “ KELATBAOE “ poenika, ingkang kadamel sami oegi saking kentel
petak, sami kalijan ingkang kadamel Badong. Kalinting, sarta kadamel wangoen
gelang. Agengipoen sadridji. Agengipoen gelangan njamleng sagelanganipoen baoe.
Wondene
ingkang dipoen wastani “ KOELOEK-MATAK “ poenika wangoenipoen njamleng kados
ketoe oetawi kerpoesipoen lare ing djaman sapoenika. Kadamel saking lawon
geroesan sarta kaetjet ing lisah tangloe.
Serat
Karopak waoe kaserat sastra djawi sarta temboeng djawi ingkang kaangge nalika
djaman Madjapait. Wewangoenanipoen sastra toewin lagoening oekara katah
soelajanipoen kalijan sastra saha oekara ingkang kaangge ing djaman sapoenika.
Serat Karopak waoe sampoen risak kateda ing boeboek.
Saking
tjarijosipoen Troenamenggala, serat Karopak waoe katerangan ing bab patrap
panganggenipoen satoenggal-satoenggaling djimat. Poenapa malih mratelakaken
kasijatipoen. Dene panganggenipoen namoeng manawi pinoedjoe dateng ing
peperangan. Trapipoen makaten : Koeloek kaangge kados limrahipoen tijang
ngangge koeloek ; Badong kaangge slempang ;
Kelat-Baoe kaangge gelang wonten ing baoe tengen. Menggah kasijatipoen ;
tegoeh timboel abawa leksana toer tansah winongwong ing djawata, wekasan
oenggoel ing djoerit.
Kadjawi
poenika, ing wekasanipoen serat Karopak waoe wonten oengel-oengelan makaten :
“ Ing satoeroen-toeroenira ora soesah magang ing pradja.
Entenana bae, mbesoek jen ana kendali larab, djaran lan tjemeti saka wetan teka
dewe, ing kono woes toemeka mangsane tedakira timboel ing pradja. “
Sinten
ingkang gadah waris wadjib nampeni kepek waoe. Kedah sinaoe sadjarahipoen
goesti Kalak, kados ingkang kaseboet ing nginggil.
Ing
sasedanipoen goesti Kalak, ing tanah
Madja boten katjarijos malih sinten ingkang dados pengageng.
Dene
kadaton Ngretati poenika boten wonten patilasanipoen poenapa-poenapa, kadosta,
banon talesing beteng oetawi talesing
kadaton, poenapadene wewangoenan sanesipoen, sadaja sepen. Kadjawi
namoeng wonten poentoek alit satoenggal, sarta kadjeng djatos
sakembaran. Poentoek waoe katjarijos ing soewaoe siti inggil, dene kadjeng
djatos sakembaran waoe kawastanan Djatilawang. Katjarijos poenika labet
gapoeran Prenahing kadaton poenika ing samangke woedjoed ara-ara. Tetijang ing
ngrikoe boten poeroen anjawijah, awit adjrih ing wilalat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar